Selasa, 08 November 2011

WOW STONER...!!!

 

VALENCIA, MacanculHuda.com, Gelar Juara Dunia jan2ne wes dicekethemi, tapi sing jenenge wong Barat, sory nek kon nyante wae. Contone Pembalape REPSOL HONDA, Casey Stoner pas balapan neng Sirkuit Ricardo Tormo, Valencia - Sepanyol. Jik awal2 Lap... beuuuhh.. mak wuzzzzz... langsung amblas ninggalno Musuh2he.... tapi basan Balapan kiro2 kurang telung Lap... eeeee.. dadakan meh nggeblak goro2 Dalane lunyu, koyo lambemu.. hehe... akhire yo mak wesss.... diselip karo Pembalape YAMAHA, Ben Spies sing pas ketepakan nek milih Ban Basah. Ning Lomba Balap Sepeda Motor tingkat Internasional koyo neng Valencia wingi, perkoro milih Ban Sepeda sangat penting Coyyy... nek Sampean sak wayah2 dadi peserta Lomba koyo ngene iki mongko kudu pinter2 tenan nek milih Ban... pokok ojo sampek milih Ban sing bentuke kotak... haha. Tapi sing jenenge wong Bejo ki yo ra koyo Cak Stoner kok... nek ndelok jarake karo Guk Spies, rasane mokal nek sampek iso mbalap lan iso munggah Podium nomer Wakid, lha piye... lha wong setelan Speda nek wes tingkat Dunia ngene iki, walah2... podo canggihe...Coyy. Tapi yo mbalik opo jare Gusti Engkang Moho Kuwaos tho... masio menurut pean gak masuk akal tapi nek Gusti Alloh Ngersa aken... lha yo giampang banget tho... !?.  Pokok nek wes ngunu iku Sampean mesti gak isok Komentar maneh kecobo mung iso mbengok.... EDIAAAANNN STONER...!!!
IKI SING JENENGE BALAPAN REEKKK....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar